Jumat, 04 September 2015

Adoh Ndek Mata Nanging Cedak Ing Ati

Wektu iku aku isih onok ndek bangku smp, nanging aku ora kenal kabeh karo konco sak angkatanku. Dina rabu sekolahku ketempatan gawe lomba O2SN basket, termasuk aku melu O2SN iku. Penontone akeh banget, amarga main ana ing kandhange dhewe. Sak marine kejadian iku onok arek lanang seng sms aku, aku ora kenal lan ora ngerti sapa jenenge arek iku. Akhire sakbendino aku karo cah lanang kuwi smsan, suwe-suwe kenal lan tambah akrab. Amarga keseringan smsan lan ketemu ana ing sekolah, cah lanang kuwi mulai ngomong tresno-tresno karo aku. Suwi-suwi aku ya ngroso tresna marang cah lanang kuwi.
Oleh 1 bulan lebih, pas dina jumat cah lanang seng jenenge Superman kuwi nembak (ngajak pacaran) aku. Aku ora iso langsung nrimo ngunu wae, aku njalok wektu dhisik gawe jawab ajakane Superman. Akhire dina jumat sore iku aku dipekso nang Superman gawe jawab pertanyaane mau, amarga aku tresno pisan aku nrimo ajakane Superman mau. Akhire aku lan Superman pacaran, pacaran seng gawe dampak apik nang aku lan Suparman, koyok pacaran gawe semangat belajar lan ora neko-neko.
Aku karo Superman ora krasa pacarane, 3 tahun wes daklakoni. Masa SMP wes ate pindah ing masa SMA, tapi aku lan Superman ora mikiri yen akhire bedo SMA. Pendaftaran SMA wes mari, aku lan Superman bedoa SMA. Masio beda SMA Superman ngomong, yen aku kudu iso njogo ati gawe dheweke. Aku ya uga ngomong ngunu pisan.
Dino pertama melbu SMA aku lan Supermen nyritakake piye suasanane ing sekolah e dhewe-dhewe. Masio aku karo Superman beda sekolah, kita nyempetake ketemu lan smsan ndek wektu luang. Jarene ndek jaman sak iki, pacaran koyok ngunu kuwi pacaran LDR kasarane pacaran jarak adoh. Masio jarang ketemu kita podo-podo njogo atie dhewe-dhewe. Alhamdulillah kito podho iso njogo, aku lan Superman uga cedek sampek kelas 3 SMA iki. Masio adoh ndek moto nanging cedek ndek ati.